Pages

KITIR SUMILIR ~ Magdalena

Nada Do = Am



*** Intro Musik ***

Angenku ngamboro anembus mego

Ngitung lintang sesuluh padang rembulan

Tak goleki ono ngendi si panjerino

Tak titipi kidung tegeteg ing jantung


Lelungitan lung lungan kang rerambatan

Amusoro soro angrangget jiwanggo

Tak kirimi layang kitir tak sampirke angin sumilir

Po ra kroso sliramu tansah tak pikir


*** Refferen ***


Rino wengi wewayangmu mbedo atiku

Singotirto sak upomo kapan boyo aku biso

Nggegem lintang ngrengguh endahe rembulan


Aku samar kuatir lan muntab cabang

Sekar mekar ing oro oro kang cengkar

Ngelak kang tanpo upomo tunggu tumetesing tirto

Kanggo nelesi lungko lungko ketigo


*** Musik interlute ***


Lelungitan lung lungan kang rerambatan

Amusoro soro angrangget jiwanggo

Tak kirimi layang kitir tak sampirke angin sumilir

Po ra kroso sliramu tansah tak pikir


*** Refferen ***


Rino wengi wewayangmu mbedo atiku

Singotirto sak upomo kapan boyo aku biso

Nggegem lintang ngrengguh endahe rembulan


Aku samar kuatir lan muntab cabang

Sekar mekar ing oro oro kang cengkar

Ngelak kang tanpo upomo tunggu tumetesing tirto

Kanggo nelesi lungko lungko ketigo

Kanggo nelesi lungko lungko ketigo




 




Contack Order Job

08133 175 8622

whatsapp-tombol - Badoy Studio