Awan awan turu dengkur
Yen bengi kanggo kluyuran
Joko Lelur bocah nganggur
Dasare nandang kasmaran
Awan awan ngombe limun
Limune katutan semut
Awan bengi tansah nglamun
Kelingan si Roro Mendhut
Refferent ...
Opo kowe tego tenan, nyawang aku kang kasmaran
Aku arep nyemplung sumur, anane mung sumur kompan
Aku wani mati tenan, timbang urip kewirangan
Nangingg aku isih wedi, turu ijen ning kuburan
Joko Lelur kemul sarung
Ngetan ngulon ra karuan
Dasar bocah rodok gemblung
Arep mati eling bancak'an
Dasar bocah rodok gemblung
Arep mati eling bancak'an