LAMUNAN ~ Cipt. Wahyu F Giri

Nada Do = F




Sumribit angin ratri tansah angenteni
Setya najang telenging ati
Angen angen tumlawung suwung ing wengi sepi
Tansah angranti tekamu dhuh yai

Wong ayu age nyedhak a ing sandhingku
Nyawang manising esemu
Gawe lerem e rasaku tentrem ing atiku
Haywa pegat tresnamu sayangku

Pindha samudra pasang kang tanpo wangenan
Tresnaku mring sliramu sayang
Cahyaning bulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan

Wong ayu age nyedhak a ngekep ragaku
Sirnakna lara branta ing atiku
Amerga kabidhung wewayangmu ing pikirku
Haywa pegat tresnamu dhuh sayangku

Pindha samudra pasang kang tanpo wangenan
Tresnaku mring sliramu sayang
Cahyaning bulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan
Yekti sliramu kang dadi lamunan



 




Contack Order Job

08133 175 8622

whatsapp-tombol - Badoy Studio



Ketik Judul Lirik Lagu